Senin, 28 Desember 2009

Ulang Tahun

Cak Dri ulang tahun sing ke 40. Atine rodhok sedih soale pas tangi isuk bojone meneng ae gak ngucapno selamat, koyoke lali.
Pas sarapan kate budhal kerjo, anak-anake yo mbidhek kabeh gak onok sing eling ulang tahun Bapake.
Cak Dri budhal kerjo ambek ati nelongso.
Bareng nang kantor, Yuk Ni konco kantore nyambut ”Pagi Cak Dri.
Selamat Ulang Tahun ya”

Cak Dri atine seneng akhire onok wong sing eling ambek ulang tahune.
”Wah . .pancen kebacut anak bojoku mosok lali ambek ulang tahunku ” pikire Cak Dri.
Pas arep mangan siang, Yuk Ni ngejak metu wong loro.
Pikire Cak Dri, waduh kapan maneh rek oleh tawaran koyok ngene, ketepakan Cak Dri sui naksir Yuk Ni pisan cumak gak wani ngomong.
”Yok opo lek awake dhewe istirahat nang kos-kosanku Cak ?” jare Yuk Ni ambek ngalem.
Cak Dri ho-oh ae.
Pas sampek kos-kosan, Yuk Ni ngongkon Cak Dri ngaso dhiluk.
”Cak, anggepen iki omahmu dhewe. Aku tak nang kamar dhiluk, wis tah pokoke aku onok kejutan gawe sampeyan.” jare Yuk Ni.
Pas ditinggal ijenan, Cak Dri wis mbayangno kejutan seko Yuk Ni, atine mpot-mpotan gak sabar.
Pikire aku yo isok rek membuat kejutan, akhire Cak Dri nyoplok klambine kuabeh sampek blejet ambek ngenteni Yuk Ni salin.
Cak Dri terus merem mbayangno bodine Yuk Ni ambek wudho kelesetan nang sofa.
Dhadhak ujug-ujug dumadhakan, Cak Dri kuaget sampek mecitat krungu onok wong akeh nyanyi selamat ulang tahun.

Bareng Cak Dri melek, tibake Yuk Ni nggowo kue tar ambek anak bojone Cak Dri metu seko kamar.

Foto

Mari kencan ambek pacare, Cak War kepingin rokokan.
Mari rogoh-rogoh celono, Cak War gak nemu koreke, terus takok pacare be’e ndhuwe korek.
”Koreke nang laci Cak. ” jare pacare Cak War.
Pas mbukak laci, tibake Cak War ndhelok onok fotone wong lanang dhempal brengosan.
Cak War langsung pucet wedhi kabeh.
”Lho dik, iki bojomu tah ? Cik sangare dik.” Cak War takon nang pacare.
”Huss . .ngawur ae . .” jare pacare.
”Tunanganmu tah . . ?” Cak War sik penasaran.
”Dhudhuk Cak, peno salah ” jare pacare ambek ngalem nang Cak War.
“Ooo paling iki masmu, wong irunge mirip.” Cak War mbedhek maneh.
“Dhudhuk Cak, peno salah maneh. “ jare pacare.
”Lek ngono sopo wong iki ?” Cak War tambah penasaran.
Pacare njaluk pangku ambek ngalem mari ngono lagek ngaku.

”Iku ngono fotoku dhewe sak durunge operasi kelamin . . ”

Malam Pertama

Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung.
Gak sui Cak So liwat.
”Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut.
Opoko kon iku Mar ?” takok Cak So.
”Iyo Cak, aku kepikiran bojoku.” jare Cak Mar.

”Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho.” jare Cak So.
”Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibake....iku bojoku dhewe.” jare Cak Mar.

”Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, paling bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh.”
”Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung ” jare Cak Mar.

”Lha opo lho masalae ?” Cak So malih bingung.

”Mari tak ke’i seket ewu, dhadhak aku disusuki selawe.”

Rabu, 25 November 2009

Putus Asa

Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh.
Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon.
Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.
”Wok!! Kon iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis,” jare Paidi.

”Sak dino iku apes thok uripku.” jare Muntiyadi.

”Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi,” jare Paidi sakno.
”Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan,”jareMuntiyadi.

”Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu,” jare Paidi.
”Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik.
Pas sampek omah, dhadhak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku,”jare Muntiyadi.
”Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes komes,” jare Paidi.
”Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh diri ae.
Aku tukupotas terus tak campur es teh, bareng arep tak ombe dhadhak kon saut pisan,”

Ngelindur

Muntiyadi turu ngeloni Romlah, bojone. Pas enak-enak turu, Romlah dhadhak ngelindur celuk-celuk pacare.
”Mas Gempil . . . aku kangen mas. Mas Gempil peluklah aku mas . . .”
Krungu ngono Muntiyadi malih cemburu ngamuk-ngamuk gak karuan, Romlah langsung diseret lang jedhing.
”Hayo ngomongo !!! Awakmu pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!,” jare Muntiyadi mbentak bojone.
”Iyo cak . . . ” jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelepno nang banyune bak mandi, cik kapok pikire Muntiyadi.
Mari oleh sak menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
”Wis saiki ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!,” jare Muntiyadi maneh.
”Iyo cak . . .” jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelep nang bak mandi luwih sui maneh, sik gak kapok ae arek iki pikire Muntiyadi.
Mari oleh rong menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
”Hayo ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!,” jare Muntiyadi maneh.
”Iyo cak . . .” jare Romlah.
Muntiyadi tambah muntap. Pas arep didelepno nang banyu maneh, Romlah berontak terus takon nang Muntiyadi.

”Sik tah cak, sampeyan yakin tah lek mas Gempil onok nang njero banyu ?”

Senin, 16 November 2009

Nginceng

Tole, anake Romlah, mlayu menggos-menggos mlebu omah nggoleki ibuke.
”Buuuk . .Ibuuuuk...!!!” jare Tole ambek nungkul ibuke.
”Opoko Le, kon kok koyok diuber celeng . .?” takon Romlah.
”Bu aku mari mergoki Bapak ambek Yuk Jah wong loro . . .” jare Tole ambek menggos-menggos.
”Sik tak la, alon-alon lek cerito, longgo sing nggenah dhisik ..” jare Romlah ngayemno anake.
”Ngene lho Buk, pas aku dhulin nang omahe Kelik, aku ndhelok Bapak mlebu nang omahe Yuk Jah.” jare Tole.
”Wis wis Stop ! Stop ! Stop!, ceritone disimpen dhisik ae.
Lek Bapakmu teko, ceritone lagek diterusno. Aku pingin weruh reaksine Bapakmu. ”jare Romlah.
Sorene Muntiyadi mulih wis dienteni Tole ambek Romlah.
”Ayok Le, age ndhang cerito nak” jare Romlah.
”Pas aku dhulinan nang omahe Kelik, moro-moro aku ndhelok Bapake mlebu nang omahe Yuk Jah.
Aku timik-timik nututi Bapake, terus nginceng seko jendelo. Aku ndhelok Bapak terus sayang-sayangan ambek Yuk Jah. Mari ngono aku .... wis gak wis aku gak wani nerusno . .” jare Tole.
Romlah penasaran, Muntiyadi gemeter tegang.
”Ojok wedhi ambek Bapakmu, ayo age terus no. Mari ngono Bapakmu lapo ambek Yuk Jah !!” Romlah mekso anake.
Mari dipekso-pekso akhire Tole nerusno ceritone

”Mari ngono Bapak ambek Yuk Jah dulinan jaran-jaranan koyok . . .
koyok . . .” Tole mandeg maneh gak wani ngomong.
“Lho ayo terusno ojok wedhi, koyok opo ayo sing jelas“ Romlah mbentak anake maneh.
Akhire Tole wani nerusno maneh.

“Koyok Ibu ambek om Gempil mbiyen . . .”

Putus Cinta

Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki sir-siran.
Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke.
Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.
Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.
Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.
”Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . .” jare Wiwik.
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.
Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
”Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan” jare Tatang.
”Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . .” jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.
Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.
Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang, jarene ono tilpun seko Wiwik.
Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.
”Halo . .” jare Tatang ndredeg.
”Iki Cak Tatang tah ? . .” jare Wiwik.
”Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . .” jare Tatang sik ndredeg.
”Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus ” jare Wiwik.
”Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambek aku, opo jare bapakmu ? ” takok Tatang.

”Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . .”

Kamis, 12 November 2009

Nyegat bis

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.
Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.
Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek
sikile Romlah gak isok mancik munggah bis.
Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.
Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.
Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.
Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.
Kondekture wis gak sabar bengok-bengok.
Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Romlah munggah bis.
Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,”Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!”.

Wong lanange nyauri,”Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu.”

Sing tabah yo

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara 10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone, arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.

Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.

”Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku. Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik,” jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone.

Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
”Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono.
Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau asline bisik-bisik nang aku”
”Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok Muntiyadi penasaran.
”Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody.

Sing tabah yo Cak. . .”

Sing tabah yo

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara 10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone, arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.

Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.

”Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku. Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik,” jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone.

Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
”Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono.
Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau asline bisik-bisik nang aku”
”Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok Muntiyadi penasaran.
”Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody.

Sing tabah yo Cak. . .”

Selasa, 29 September 2009

Lawang Wesi

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP (Tunjungan Plasa) ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.
Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing ! . . .

”Bes, opo iku jenenge . . .” takok Togog anake Wak So pas ndhelok lawang wesi iku.
”Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene.” jare Wak So.
Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong.
Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So.
Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.

Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mendeg.
Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.
Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.

Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.

Mari mikir dhiluk....
Wak So mbengok nang anake : ”Le !. . Ndhang cepetan Makmu lebokno kono . .”

Apes

Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi.
Pas sampek Pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor.
Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung, tapi mergo pacare giras, akhire Gempil nyerah.
Wis mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh.
Gempil sampek gelagepen ampun-ampun gak kuat maneh.

Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.
Pas katene nyumet rokok, sekok kadhoan Gempil ndhelok onok wong
lagi ndongkrak ganti ban bocor.

Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe, Muntiyadi, wah ketepakan iki
pikire Gempil.

”He Mun !, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene” takok Gempil.
”Lho awakmu Pil, pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan gak oleh-oleh malah banku bocor pisan” jare Muntiyadi.

”Wah ketepakan lek ngono, aku wis oleh gendakan, ayu semlohe, cumak girase gak ketulungan, wis oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler aku.

Wis ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, montormu tak genti bane terus tak gowo mulih, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montorku iku, montorku gowoen pisan. ” jare Gempil.

”Wah tepak wis, sip !!! ” jare Muntiyadi sueneng pol.
Gempil yo lego isok mulih.

Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro.

”He !!! Lagi opo awakmu nang kono ? ”takok wong kampung mbentak Muntiyadi.
”Anu Pak . . aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah.
.” jare Muntiyadi gemeter.
”Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe ?” jare wong kampung maneh.

”Anu Pak, sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan nyentolopi raine . . .” jare Muntiyadi.

Bakso Spanyol

Bunali ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Bunali malih bingung.
Akhire Bunali takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Bunali ditawari bakso spanyol, Bunali setuju.

Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol yo enak pisan pikire.
Mari mangan, Bunali takok nang pelayane ”Daging opo iku mau, kok enak baksone?”
Pelayane ngomong lek iku ngono bijine sapi sing matek kalah tarung ambek matador.

Pertama Bunali kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak opo-opo.
Cumak Bunali kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.
Sisuke Bunali teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Bunali nyeblek kecoak terus disaki.
Pas panganane teko, tibake penthole saiki rodhok cilik.

Gak opo-opo wis, sing penting enak.
Mari mangan, Bunali ngetokno kecoak ambek bengok-bengok.
”Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok kecoake” jare Bunali.
Pelayane akhire ngalah, Bunali gak perlu mbayar.
Bunali sueneng akale berhasil.

Pas katene mulih, Bunali protes maneh nang pelayane opoko kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.
Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.

Jumat, 11 September 2009

Piro umurku ?

Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal,
cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.

Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.

”Ning, ayo bedhe’en piro umurku ?” takok Mat Penceng ambek mesammesem.
”Paling sik selawe . . .” jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
”Salah Ning, umurku sakjane wis 45” jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.
Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe’i maneh nang arekarek
iku piro umure.

Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun.
Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45
gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng.
Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe’i umure, tapi gak onok
sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald.
Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.

”Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe’en piro se umurku?” jare Mat Penceng.
”Kiro-kiro 27 mas” jare pelayane.
52

”Salah mbak, umurku 45” jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek neneknenek arep mlebu montor.

Mergo durung tau mbedhe’i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
”Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe’i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?” jare Mat Penceng.
”Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu.” jare simbah mau.
”Iyo tah, piro se umurku?” takok Mat Penceng penasaran.
”Wah tapi onok sarate” jare simbah mau.

”Opo sarate mbah ?”Mat Penceng tambah penasaran.
”Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran.
Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu.” jare simbah iku mau.
Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih.
Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate.

Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.

”Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng.

Ayo cepetan bedhe’en umurku piro selak satpame teko !!”jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,”Le,
aku weruh umurmu iku saiki 45”.

Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.

”Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?” takok Mat Penceng gak sabar.

”Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . .”

Rasa Stroberi tah . . .?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga.
Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, "Isine kembang yo....".

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok.
Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.

"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.

"Isinya anak anjing kok bu guru..."

Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.

"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Kamis, 03 September 2009

Sayang anak

Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem ditinggal njaluk melok.
Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gempil.

Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut.
Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole anake Muntiyadi.

Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.

Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute kari sithok.

"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek titip salam gawe mbokmu yo Le."

"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae.
Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Muntiyadi heran.

"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."

Pelabuhan

Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung metu seko pelabuhan.
Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro kiwo tengen.
Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek kampes.
Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki." jare Togog maneh.

Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso, akhire Togog diculno.
Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.
Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.
Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.
Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir.

Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan.
Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk ambek Togog maneh.
Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.
Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.
Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.

"Sepeda . . ."

Numpak Taksi 2

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk.

Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko dijawil ae kok kuaget.

Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."

Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan koyok ngene ?"

"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.

"Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi.

"Supir montor jenasah . ."

Rabu, 26 Agustus 2009

Ketinggalan Sepur

Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare sutaji maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur"
jare Pak Kaji.

Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
"Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek" jare sutaji
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal.

Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget.
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur.
Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.

Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek gendeng.

Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking sedihe
terus dilampiasno ngguyu.
"hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo' o? jare satpame

Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...

Kepiting

Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.

Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae" jare Sablah ngalem.

Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam
Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek.

Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh.
Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "

Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae.
Mulakno kok sui. . ."

Mercon

Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok,
mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep
rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung
kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"

"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek
sing lanang " jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.

"Opoko lho . .?" takok Kentir.

"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."

Selasa, 25 Agustus 2009

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit.

Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.

Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.

"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."

Wedhi karo bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah.
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.
Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.
Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.
Barisan sing pertama akeh pol…
Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi :

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.

ASI

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"

"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.

"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."

Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".

"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.

"Aku iki ewange . ."

Asmuni

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.
"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Drakula

Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir
Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.

Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".

"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.

Mari ngono arek loro iku miber bareng.
Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.

"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.

"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.

"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.

"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.

"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.

Budhi Santoso

Rabu, 05 Agustus 2009

Njegur

Onok juragan tambak jenenge Sablah, ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Motor " jare Sablah.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur Nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk Iwak, tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane.

Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegor mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sablah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.

Penontone keplok-keplok kuabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi duit limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.

"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo mrene" jare Muntiyadi.

Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.
Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.
Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi,
cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan.
Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.
Saiki tebusen resep iki yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."

Senin, 03 Agustus 2009

Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik
omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro
salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus
ndhik karpet.

Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum
cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke
sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."

Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing.
Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.
"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas...
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone....
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...
"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.
"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',
takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.
"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur "

posted by irpus

Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare Joko.
"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah ?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.
"Yok opo kon War..?" jare Joko
"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.
"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Joko.
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.
"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.
"Dhurung.." jare Uwar.
"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. ." jare Joko.
"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."

posted by irpus

Rabu, 15 Juli 2009

Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin sisan, "Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan.
Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".
posted by irpus

Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, mbah Jo nulis surat.

Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!
irpus

Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, mbah Jo nulis surat.

Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!
irpus

Selasa, 14 Juli 2009

Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.

Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat "Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel.
Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, ...
tibake Kayat wis dhadhi tahu. . .

Kaspo thok ! ! !

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai purik.
"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih" jare Sudjak.
"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak.
Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.
"Kaspo thok . .!!!
Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"
posted by irpus

"Rp. 200,000"

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.
"Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune.
"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone Cak No.
Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.
"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi pisan'' Kusen mulai ngerayu.

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojone Cak No.
"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen ambek ngetokno seket ewuan loro.
Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.
"Yo wis, tapi diluk ae yo". jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.
"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.
Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.
Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.
Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

Gak sui, Cak No mulih. "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.
"Oh iyo pancen mbethik arek iku.
Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wis dibayar tah ?."
posted by irpus

Senin, 13 Juli 2009

Mulih Gasik

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku melok amblas.

Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.

Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".
"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!. Kapok aku".

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.
"Soale wingi aku meh konangan.."

sumber by irpus

Babaran

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong babaran.

Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis tambah mules.

Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas. Wak So bingung, cik kuate arek iki.
Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung prapat.

Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.
Jarene Turkan, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".

Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, "Hebat awakmu nak".

Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.

Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis mati .....

sumber by irpus

Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.

"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.

Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.
"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Minggu, 12 Juli 2009

Purik

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".
"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar muring-muring.
"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.

"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek menteleng.
"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po'o cak.."

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! "
Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah
koncone.

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah.
Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko.

De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.
"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.
"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare bojone.
"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.
"Nggawekno roti ?!!!.
Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."

Sales Sabun Deterjen

Pengalamane Mat Pithi blusukan nang rumah tangga ndikkampung-kampung, merga dadi sales sabun deterjen, isoknggandeng Saropah, arek kemayu Kaliasin gang Pompa.
Gak urung, sing jenenge pacarane arek sak iki, gakcumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek.
Kathik milih enggon ae yo ndik losmen barang.
Cobak, opo maneh singdidulek-i nek wis ndik kamar arek loro.
Pisanan kedadeyan, abuk-abukan sampek lali, ngantek wong loro uda bareng, terus dulinan mama-mama-an, papa-papa-an.

Jenenge wong lali, yok opo se....,kedadeyan, wis.
Bareng wis mari, saropah kaet eling, nek wis melakukanperbuatan sing kudune durung oleh. Saropah nangisngguguk.
'Onok opo dik, kok awakmu nangis?', pitakone MatPithi.
' Yok opo katene gak nangis, cak, awakku iki sak ikiwis gak suci, wis kenek noda', kanda ngono ambektambah banter nangise.

Mat Pithi langsung nyaut : 'Perkara noda ojok kuatir,dik.
Aku duwe produk sing jenenge deterjen anti noda.
Bahkan, noda bandel sekalipun.
'Saropah yo tambah get olehe nangis, rek..... !

Lara mata

Mat Pithi lara mata, matane kepeksa diperban loro-lorone.
Lunga nang dokter mata dituntun anake mergo gak eruh dalan.
Teko ndhik dokter mata langsung lingguh ndhik ruang tunggu, anake dikongkon mulih "Wis kono muliho, koen ngrewangi ibumu.
Mari ditambani mengko aku isok mulih dhewe", anake langsung nggeblas mulih.
Bojone ndhik omah nunggu suwe Mat Pithi gak balik-balik.
Akhire bojone nyusul nang dokter mata.
Teko kono bojone eruh Mat Pithi ndhik ruang tunggu lungguh dhewekan.
Mbasan eruh tulisan ndhik lawange ruang praktek dokter mata, bojone kaget, Mat Pithi diseneni "Ealah Pak, pak..lha koen nunggoni sampek jam-jaman ya gak bakal dipriksa.
Lha iku ndhik lawang onok tulisane "HARI INI TIDAK PRAKTEK".
-----------
Mat Pithi akhire ketemu ambek Doktere mata.
Jare pak Dokter, matane Mat Pithi lara mergo kelenjar air matane gak berproduksi maneh.
Pak Dokter mata duwe akal, matane Mat Pithi dioperasi, saluran air mata disambungno ambek kelenjar air liur.
Mari dioperasi Mat Pithi kerasa enak, matane gak pedhes maneh.
Tapekno Mat Pithi tambah soro.
Yo'opo gak soro lha nek eruh panganan dudu cangkeme sing ngiler tapi matane sing mbrebes mili.

Kamis, 09 Juli 2009

Lara Untu

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop.
Paling seneng filem India.
Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara.
Bioskop mbayare sewu.
Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah.

Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim.

Pas tekan njero dek e takon, 'pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?' Dokter Nursalim kanda 'Rong ewu, cung' 'Oleh gak sewu?'
Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol 'Oleh ae, pokok gak kathik dibius'. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.

Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.

Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik.

Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.

Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.

Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.

Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis....

Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget.

'Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara'.
Awad kaget, 'Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?' 'Iya'.
'Lha, iku lak pasienku.
Mari tak suntik bius, dadak gak balik'.

sumbe by irpus

Penjajah Nyolowaði

"Pak-dé Rono, saweg menggaléh nopo?"
"Lagi ngrasakké negoro kito"
"Pripón, to?"
"Rumangsaku negoro kito luwéh mólyo naliko ðijajah Walonðo"

"Nèk ngoten apiké kito mbuðiðoyo supaðos ðijajah"
"Carané?"
"Negoro Amerika kito serang"
"Lhó, bèn opo?"
"Supaðos kito kawon lajeng ðijajah Amerika"

"Wah, iyo yo, ..... "
"Lha néng .... "
"Lhó, keno opo?"
"Nèk RI séng menang?"

sumbere by irpus

Pensiunan Marinir

Tepak Mat Pithi dadi marinir mbiyen, tau dines nang Kalimantan Utara.
Operasi Dwikora, eling gak peno-peno kabeh?

Pas mlebu-mlebu alas, wong mungsuhe yo gak main-main, pasukan Gurkha, jare, Mat Pithi kepeksa ngorban-no sikile sing ngidhek ranjau darat.
Yo ambyar, rek, sikil sing sebelah tengen.
Untung kanca-kancane cepet nggawa Mat Pithi nang barak, dadi jik isok ketulungan nyawane. Perkara sikile sing tengen, yok opo maneh, wong ancur mulai ngisore pupu thithik sampek ngisor.

Cobak rodok munggah thithik, isok kantong menyan sing gondal gandul iku katut bablas.
Begitu tekan barak, langsung diupokoro mbarek dokter-dokter bedah sing ahli.
Sikile sing karek thithik jik isok ditulung, tapi disambung mbarek sikil liya, sing wonge wis mati. Kanibal, ngono, lah... Cumak, wong situasi darurat, yo oleh sikil sak kecandake.
Dawane rodok kacek kira-kira 2 cm.

Wis gak opo-opo.
Rodok pincang thithik lak malah tambah gaya, lah, wong tentara mulih saka perang. Isok digawe crita. Jugak kelire kulite sing rodok gak patek podo. Mat Pithi ireng, sikil gajulane rodok putih. Wis, yo gak opo-opo.
Wong yo nek dines kan nggawe clono. Nek ndik omah, ya sarungan. Sing penting sikilan, gak nggawe kruk.

Mat Pithi onok meh sewulan ndik rumah sakit (wis diusung saka barak sing ndik garis depan). Durung isok mudhun, ngenteni sambungan sikile waras. Mat Pithi ya wis lumayan marem, gak perlu nggawe kruk engkuk-e.

Bareng wis waras, Mat Pithi wis mulai dines maneh. Mlakune tambah gagah, masiyo rodok pincang thithik. Tapi jik tetep tegap. Marinir, rek.... Cumak, onok sing aneh mbarek Mat Pithi sak iki. Nek katene nguyuh mesti tiba, nggluntung. Mak glundung....

Wis pirang-pirang dina iki Mat Pithi nek nguyuh mesti golek nggen sing rodok sepi. Lha lak isin, se. Wong angger nguyuh mesti ngglundhung, kok... Gak kuat nandhang wirang koyok ngono, Mat Pithi njaluk ketemu mbarek dokter sing ngoperasi sikile mbiyen. Wong wis suwi, ya rodok kangelan ketemune. Barang ketemu, Mat Pithi nyritakno nasibe sing dialami sak iki.
Doktere terus mbukak arsipe. Ndeleki data-data sing tau dinggo ngoperasi Mat Pithi mbiyen.

Ketemu, wis .... Tibak-e critane ngene. Sikil sing dinggo nggajuli sikile Mat Pithi sing ancur mbiyen iku sikile arek wedok. Lha nek pas katene nguyuh, sikil tengen sing sikile arek wedok iku njaluk ndodok....

sumber by irpus

Ganti bahasan

Berhubung stok kisah mbah Wonokairun gung entuk meneh. Saiki diselingi kisah Mat Pithi. Sumbere donload internet tapi lali web-pe. Sing jelas sing poting jenenge Irpus. Mugo-mugo ikhlas di uplut nang kene.

Rabu, 08 Juli 2009

Ngenyang Pithik

Wonokairun ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan.
"Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?" jare Brudin.
"Iki lho sing wulune abang. ." jare Wonokairun.
Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge.Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. "Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . ." jare Brudin ambek mbalekno pithike.
"Cobak sing putih iki . ." jare Wonokairun ambek nawakno pithik putih. Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge."Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo ." jare Brudin.
Wonokairun nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh."Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!" Wonokairun wis gak iso nahan emosi.
"Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . ." jare Brudin.
"Iki lho pithikku sing kari dhewe ." jare Wonokairun ambek nawakno pithik ireng.

Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas."Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin.
"Satus ewu !!!" jare Wonokairun ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu.Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu.
"Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?" jare Brudin. ?Aku asli wong jerman !!" jare Wonokairun.
"Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !" jare Brudin.

"Lek gak percoyo dheloken dhewe . ." jare Wonokairun ngangkat bokonge

Kerah Mbek Bu Nali

"Sapi apa yang bisa nempel di dinding, Run?" begitu Bu Nali berteka-teki di sebuah pagi kepada tetangganya Wonokairun. Yang ditanya bengong, tanda kurang paham.
"sapi-sapi di dinding, buuuuuuuuk, " jawab Kenyung, teman Wonokairun, mantap bin pede.
"Woooo ... gemblung. Bukan sampean yang ditanya kok melu njawab," cetus Bu Nali dengan kesal. Bibirnya manyun tanda hatinya kesal. Wonokairun terkekeh.
Sambil menghabiskan kekehannya, Wonokairun berusaha memutar otaknya yang sudah lama tak berpelumas.
Gitu saja kok nanya to Bu. Itu Sapiderman Bu. Jawab Wonokairun santai bersahaja.
Bu Nali gelagapan. Sejak kapan si Run ponakannya sepintar itu. "Salah Run! Coba tebak lagi!" jawab bu Nali sambil mikir-mikir jawaban cadangan yang bagus.
"Pasti Run banyak bergaul dengan Hermioning yang pintar itu!" pikir Bu Nali.
"ah si ibuk ini ngelesnya basi banget seh, Saya tau kok klo jawaban saya bener. Main tebakannya jangan curang gitu donks buk, mending kasih tebakan lagi aja", kairun tak mau kalah.
"Boleh aja ngasih tebakan lagi, tapi Kenyung ndak boleh ikut njawab. Kalau ikut-ikut nanti saya gampar," jawab Bu Nali tak kalah galak.
Kenyung melotot, dia tak sudi digampar wanita. Dia lebih suka digampar waria.
Tapi, mana berani dia berhadapan dengan Bu Nali. Selain kalah besar, Bu Nali itu mantan pegulat. Dia pernah meraih medali emas PON dalam cabang gulat bebas.
"Oke, tebak ya? Tapi Kenyung ndak boleh ikut. Di tengah-tengah pasar ada apanya?"
"ada keramaian"
"Ada preman!" jawab Yu Tumin yang ikutan nimbrung.
Bu Nali tertawa mendengarnya.
"Ada Es nya," ujar Kairun. Maksudnya es lilin favoritnya itu.
Bu Nali gelagapan lagi.
Keringat dingin mengalir dari dahinya.
Mulutnya pun seakan terkunci. tak dapat berkata-kata.
Dia mikir tebakan apa lagi yang sudah ditebak.
"Tambah pinter kamu run. Tapi kmu blom pinter klo blum jawab tebakan yang ini, Mengapa Ayam jantan tidak punya tangan?", bu nali sangat pede dengan pertanyaan nya kali ini.
"Wah angel iki," komentar Yu Tumin.
"Jelas Angel donks .. Belum pernah ada sejarah nya tebakanku ini berhasil kejawab", Bu nali semakin bangga.
"Aku pass wae Yu!" ujar Yu Tumin terkekeh.
"Kowe piye run, Nyerah ra", bu nali mesam mesem ke arah kairun.
Kairun cuek. Ngapain mikir tebakan, begitu batin Kairun.
Menurut Kairun, mungkin lebih asik kalo dia mencuci kucingnya.
Kairun pun lalu mencari kucing betinanya yang diberi nama Swiwi.

mBecak

Untunge si Brudin satitik-titik ngerti basa Inggris.
Ngobrol-ngobrol karo si bule ...

"Oalah.. Ne kaya ngono, yo wis akune nganggo basa Jawa
wae. Tak kiro bapake iki ngerti omonganku mau."
Semprul, jebule si bule lancar juga ngomong Jawa.
Akhire Wonokairun muter becake lan nganter si bule
ning tujuan semestine.
Barang nyampe tujuan, si bule takon pira ongkose.
Wonokairun jawab nem ewu.
Karo gemuyu si bule ngrogoh sake lan ngetokna ewunan
telung lembar teruse dikeikne karo Wonokairun mbari
ngucapno suwun.
Lha, Wonokairun keder.
Tapi rupane si bule paham. Terus masih tetep karo
ngguyu si bule ngujar, "Lha mau iku kan sampeyan melu
numpak becak tho nang mburi. Yo karena numpake loroan
karo sampeyan, ya kulo bayare separo tho. Nggih mboten?"...

Senin, 06 Juli 2009

Bis Kota

Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah."Lho mbah, jange nang endhi ?" Brudin nyopo.
"Nang pasar turi jange tuku klambi." jare Wonokairun.
"Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun.
"Wis gak usah !! Kon longgo ae !!." jare Wonokairun.
Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.
"Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek maneh nawakno kursine.
"Wis gak usah !! Kon longgo ae !!." jare Wonokairun.
Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.

"Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine.
Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari longgo.
"Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!" jare Wonokairun.
Brudin nesu pisan.
"Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen..."

Permen karet

Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.
Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.
"He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok" jare Brudin.
"Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek." jare Wonokairun.
"Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku." jarene Brudin.
"He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!" jare Wonokairun.
"Arep laopo lho ...?" jare Brudin bingung.
"Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . "

Mbecak Maneh

Isuk-isuk Wonokairun wis mruput mancal becak golek penumpang. Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas, Wonokairun sueneng poll.
"Arep nang endhi Ning ?" jare Wonokairun.
"Nang slompretan mbah . ." jare ceweke.
"Waduh gak weruh aku nggone ning . ." jare Wonokairun.
"Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . ." jare ceweke.
"Oke boss . . " jare Wonokairun ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku.
"Kiri mbah . ." Wonokairun nurut menggok kiwo.
"Kanan mbah . ." Wonokairun nurut menggok kanan.
"Kanan maneh . ." Wonokairun nurut.
"Kiri ." "Kanan . ." "Kenceng ae mbah .." "Kanan maneh . .terus kiri "
Wonokairun nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku.

"Wis stop kene ae Mbah !!" moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu.
Wonokairun nuangis mbrebes mili.
"Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
"Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
"Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo." ceweke bingung.
"Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . ." jare Wonokairun.
"Lho opoko mbah ?" jare ceweke.
"Aku lali dalane mulih . . ."

Bon Bin

Wonokairun sir-siran nang Bon Bin, dhadhak pethukan maneh ambek Brudin dhodholan es gronjong.
"Coca cola loro Cak !" jare Wonokairun.
"Aku gak ndhuwe Coca Cola Mbah, modalku cilik, durung cukup gae kulak coca cola.
Es gronjong ae yo, tak jamin sueger Mbah" jare Brudin.
"Aku ngomong ambek wong sing ndhuwe rombong nang mburimu." jare Wonokairun.
Oooh uawas kon yo, Brudin nggondhok.
Mari muter-muter dhodholan es gronjong, Brudin pethukan maneh ambek Wonokairun lagi guyon ambek gendhakane.

"Oo !! Pancene gak nggenah !!! Wingi anake dhewe disikat, saiki bojone koncone arep disikat pisan. Wis tuwek petakilan " jare Brudin.

"He !! Kon lek ngomong ojok sembarangan lho yo !!!
Tak suantap lambemu !!!
Sing wingi nyikat anake dhewe iku lho sopo !!!.
Iki yo dhudhuk bojone koncoku, arek iki wis rondo, sak umur-umur gak tau ndelok bon bin, mulakno tak jak nglencer !!
" Wonokairun mencak-mencak gak trimo.
Begitu krungu wong loro iku gegeren, arek wedhok gendhakane Wonokairun langsung ngilang minggat.

"Aku ngomong ambek bedhes tuwek nang mburimu . ." jare Brudin.

Dhuwik Sewu

Wonokairun mbecak mulai isuk sampek awan gak oleh penumpang.
Dhuwike kari sewu tapi kerongkongane ketelak pol.
Moro-moro Brudin lewat nyurung rombong es gronjong.

"Din, dhuwikku mek sewu, iso gawe tuku es tah ?" jare Wonokairun.
"Iso mbah, tapi es batu thok gathik setrup." jare Brudin.
Medhite rek pikire Wonokairun, uawas kon yo..

Sisuke Wonokairun pethukan ambek Brudin mulih pasar mari kulakan.
"Mbah, dhuwikku kari sewu, iso gawe numpak becak tah ?" takok Brudin.
"Iso Din, tapi tak pancal thok gathik ngerem..."

nYabut Gigi

Wonokairun loro untu lungo nang dokter gigi konco lawase jenenge Bunali.
"Waduh mbah, untu sampeyan kudhu dicabut . ." jare Bunali.
"Yo wis jabuten ae ben ndang waras " jare Wonokairun.
Mari dijabut Bunali takok "Wis gak loro maneh mbah ?"
"Iyo wis enak saiki, piro ongkose dok ?" Wonokairun takok.
"Wis gak usah mbayar mbah, gratis ae " jare Bunali.
"Waduh suwun suwun, . . tak dungakno sampeyan mlebu suargo" jare Wonokairun.
Pas nang omah Wonokairun ngoco, langsung nggeblak semaput.
Tibake sing dijabut iku untu emase.

Stasiun

Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.
"Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?" takok Wonokairun.
"Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . ." jare Brudin.
"Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Wonokairun.
"Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . ." jare Brudin.
"Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?" takok Wonokairun.
"Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale.
Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !!
Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? " Brudin bingung.
"Arep nyabrang . ."

Rabu, 01 Juli 2009

Kebon Semongko

Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sak jane Bunali weruh lek sing ndhodhok Nang kebone ben isuk iku Wonokairun,
Cuma gak wani nyeneni.
Akhire Bunali masang pengumuman sing tulisane ngene :
"Ini kebunku, bukan WC mu!! "

nDhadhak tulisane onok sing ngganti ngene :
"Ini pupukku, untuk kebun mu!!!!!! "

Asmuni

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?"takok arek mau.
"Dhudhuk! Ngawur ae!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Wonokairun & Wedus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
“Yo lumayan ” jare si Mbah
“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng,jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wedhusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”

Sablah

Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu
Malam (Red : di Gang Sono atau Watu Adem). Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen. Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang.
Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." Jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah." Wonokairun mekso.

Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uaayu tenan..

"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine Limang juta.
Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah" Wonokairun mekso maneh.
Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Wonokairun.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine Limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane. "Aku kudhu pethuk ambek Sablah," jare Wonokairun. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Wonokairun cuek ae.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta. Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.

Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.
"Aku seko Sepanjang" jare Wonokairun.
"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Sablah kaget.
"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur.
Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ." ohhhh "Jangkrik kon..." Jare Sablah

Selasa, 30 Juni 2009

Cegatan

Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus.
Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi.
Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.

"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM . ." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah" jare Bunali.
"Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo !!!. Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang !! Gak isok !!!" Wonokairun nguamuk.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.

"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lali nggak nggowo STNK.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK . ." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran" jare Bunali.
"Gak isok !!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo !!! " Wonokairun nguamuk maneh.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh.
Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.

"Ayo minggir !!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh. Iki lho dheloken, helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh. Hayo kate lapo kon !!! " jare Wonokairun suombong.
"Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh " jare Bunali.
"Gak mungkin !! Lali opone . .?" Wonokairun bingung,
"Laopo sampeyan mancal becak ? Lha bronpite endhi ?

Sumber: Humor Suroboyoan - jilid 4 (Mas Budhi Santoso)

Umur

Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute.
Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, "Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok."
Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, "Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik"
Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene".
Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?".
"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga.
Wak Nyo genti takok,"Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"
"Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.
Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"
"Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk . .
." . . "" ????$#@@!!%$ . ." . ."

ISENG

Wonokairun lagi susah atine, mergo dipecat seko ludruk panggone golek mangan.
Alasane Wonokairun iku wis tuwek, lek manggung bolak-balik lali lakone.

Mari muteri grup ludruk sak Suroboyo, akhire onok grup ludruk Cap Simbah Ndhodhok pimpinan cak Bunali sing gelem nompo Wonokairun.
Cumak ambek Bunali, Wonokairun diancam lek sampek lali maneh langsung dipecat.

Ambek Bunali, Wonokairun dike'i lakon dhadhi prejurit sing naksir selire Sakerah sing jenenge Romlah.
Wonokairun dikongkon latihan mbayangno Romlah ambek nyekel kembang mawar.

"Ngene lho carane. Mawar iki cekelen nganggo driji jempol ambek telunjuk, terus ambungen ambek merem.
Mari ngono ngomongo ngene, ooh cik wangine maware Romlah iki . ." jare Bunali ngajari Wonokairun.

Ambek Wonokairun latihane dibolan-baleni kiro-kiro sak wulan sampek ngelontok.
Sembarang kembang yo wis tau digawe latihan. Bunali puas pisan ambek latihane Wonokairun.
Pas katene pentas, Bunali wanti-wanti maneh ojok sampek lali ambek lakone lek gak gelem dipecat.

Lha pas wayahe tampil, tibake sing nonton wuakeh pol, Wonokairun malih grogi tapi atine diayem-ayemno. Mari gamelane muni, tak tung tak tung . . .gong !. Wonokairun metu nang panggung.

"Ooooh cik wangine Romlah iki . . .", begitu sadar lek kata-katane onok sing kurang, Wonokairun langsung pucet.

Gak sui moro-moro penontone ruame bengok-bengok, "Huuu .!!", "Saru !!", "Nggilani !!", "Kempro !!" ambek nyawatno sandal nang raine Wonokairun.

Wonokairun langsung mlayu ndhelik nang walike panggung. Tibake Bunali wis mengkerik ngamuk-ngamuk, "Kon iku pancene ngisin-ngisini. Kon tak pecat !".
Wonokairun njaluk sepuro, "Aku lak mek salah sak kata thok ae, mosok ngono ae dipecat".

"Kon tak pecat dhudhuk perkoro lali kata-katane thok !!" jare Bunali maneh.

"Lho opoko ?" Wonokairun heran.

"Kon lali gak nggowo kembange . ."

Jumat, 12 Juni 2009

Panjang Lebar versine Wonokairun

Pak RT lagi sakit.
Dianggep dadi sesepuh, Wonokairun ditunjuk makili menehi sambutan acara neng kampunge.

Sambi nggerundel, dhewek-e munggah panggung.
Lha iki pidatone :

"Bapak2 Ibu2 sekalian, hari ini saya tidak akan berpidato panjang lebar.
Karena kalau terlalu panjang kasihan ibu2.
Sedangkan kalo terlalu lebar yang kasihan adalah bapak2."

Habis bicara begitu, Wonokairun langsung nyelonong turun panggung.
Sementara warga terbengong-bengong plola-plolo.....

Rabu, 10 Juni 2009

Balas Dendam

Wonokairun mlaku mlaku nang TP (Tunjungan Plasa) ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem kalah ambek ABG.
Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.

Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.

Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wong akeh.

Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.

Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.

Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.

"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah.
Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.

Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh- misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.

"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi liyane iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."

Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo
kudhu mukok . . .

Sepuluh Ewu

Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.

"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." Takok dokter Bunali.

"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.

"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.

"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare Wonokairun.

Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Bunali mulai purik.

"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan.
Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."

Yuyu

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali.
"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun."Lho kok isok ?" jare Bunali.
"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun
"Lha sing kedua ?" takok Bunali "
Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.
"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.
"Lho opoko ?" takok Bunali.

"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."

Senin, 08 Juni 2009

Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni. "Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali. "Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis. "Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung. "Ngene lho cak, wis ayu,� bojoku iku yo pinter masak. � Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke." jare Wonokairun.

"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung. "Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.� "Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.

"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . .."

Minimarket

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire. "Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire. � Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali. "Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit pakane asu. Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali. "Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire. Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali. "Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit gawe asune.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji. "Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali. "Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun. Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak. Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."

"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".

Minggu, 07 Juni 2009

Podho Gak Pokrone

Sore-sore onok cewek Sales Promotion Girl (SPG) teko nawakno panci nang omahe Pak Dhe Wonokairun.

'Kulo nuwun,' jare cewek iku ambek nyepot sandal.
'Ooo.. monggo, monggo pinarak..,' jare Pak Dhe Wonokairun, rodok sopan. Maklum sing medayo arek wedok sing sik kinyis-kinyis.
'Nuwun sewu, Ibu wonten, Pak ?' takok cewek SPG iku mau, nggawe boso kromo.
'Waduh bojoku gak ndik omah, Ndhuk,' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Yen ngoten, kulo ngerantos mawon, Pak' jawabe cewek iku maneh, pantang menyerah.
'Lho yo monggo. Anggepen koyok omahe dhewe ae, Ndhuk !' jare Pak Dhe Wonokairun, karo ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.

Berhubung wektu iku jam 3 sore, Pak Dhe Wonokairun pamit nang tamune kate nang lapangan kidul pasar, wayahe nyalurno hobi andok dhoro. Tamune ditinggal dewean nang omah.

Pas jam setengah enem sore Pak Dhe Wonokairun mulih, tibake cewek SPG iku sik lungguh nang ruang tamu. Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni sing duwe omah teko, karo kudhu ngamuk ae.
'Ibu niku sakjane teng pundhi to Pak ?' takok cewek SPG iku, rodok nggrundel.
'Bojoku lungo nang kuburan, Ndhuk' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Jam pinten mangke wangsule ?' takok cewek iku maneh, sik tetep ndedes.
'Waduh gak weruh aku, Ndhuk. Wis onok limolas taun sajeke mati sampek saiki sik durung tau mulih," jawabe Pak Dhe Wonokairun cuek, karo nyamber anduk nang memehan ndang-ndang kate adus nang sumur.

nYuci Kucing

Wonokairun beli rinso di toko Bunali.

"Mbah, ( Kakek-red ) kok tumben nyuci sendiri?" tanya Bunali.
"Aku mau mandiin Kucing" kata Wonokairun.
" Nggak salah Mbah", Bunali bingung.
"Iya, soalnya Kucingku banyak kutunya, kata Wono kairun.
"Wah iya bisa mati Kucingmu Mbah' Bunali mengingatkan.
"Temenku kemarin juga begitu ( mandiin Kucing ) juga nggak apa-apa" kata Wonokairun.
Selesai bayar, Wonokairun pulang untuk mandiin Kucingnya.
Besok harinya, Wonokairun datang lagi ke tokonya Bunali untuk beli rokok.
"Gimana Kucingmu Mbah?' tanya Bunali.
"Kucingku mati" kata Wonokairun.
"Tuh benerkan, Sampean ( kamu-red ) dibilangin nggak percaya sih. Orang kucing dimandiin pake rinso, kan ada obat kutu" kata Bunali memarahi.
"Kucingku mati bukan karena rinso" kata Wonokairun menjelaskan.
"Loh kenapa??" tanya Bunali nggak sabar.
"Aku peres....."

Tentang "mBah Wonokairun"

Wonokairun itu nama tokoh fiktif dlm episode drama radio Suzana Surabaya diera 80 -90an, emang luar biasa penggemarnya, ampe harga spot iklannyapun paling mahal diseluruh radio surabaya.

Penyiar yng memerankan tokoh Wonokairun, populernya bernama Victor berikut nama tokoh2 dlm seri banyolan versi radio Suzana

Wonokairun = figur orang tua sok tau, konyol n ngeyelan

Bunali = figur pemuda mbeling, banyak akal, modal cekak

Sablah = figur nenek cerewet, berwawasan luas, tak mau ketinggalan berita

Lumut = figur gadis kampung polos, ceplas-ceplos, sering ketipu

Bayangin aja spt kocaknya keluarga itu klo hubungannya spt ini:

Wonokairun punya bini Sablah ---> punya anak cewe semata wayang bernama Lumut yg menjadi gebetan Bunali

Jumat, 05 Juni 2009

Bengkerengan

Brudin pethuk Wonokairun Kate budhal nang sawah.

"Laopo isuk-isuk kok wis mlaku ambek bedhes lungset kumus-kumus ?" jarene Brudin.

"Ooo pancene picek, sing tak tuntun iki jenenge wedhus dhudhuk bedhes !!"
jare Wonokairun.

"Lho aku gak takok peno!!. Aku pancene takok nang wedhuse." jare Brudin.

Ooo awas kon yo !! Pikire Wonoklairun nggondhok.

Mulih seko sawah, arek loro pethukan maneh.

Moro-moro Wonokairun ngentut mak dut !!. Brudin muring-muring.

"Damput, pancene dobol. Ngentut sembarangan" Brudin meh nggeblak gak kuat ambune.

"Saiki kon tak takoni, ngentut iku apik opo elek ?" jare Wonokairun.

"Yo mestine elek mbah.." jarene Brudin.

"Lha mulakno tak buak" jarene Wonokairun.

"Lek misale tak jawab ngentut iku apik, terus opoko ?" takok Brudin.

"Lha mulakno kon tak ke'i...."


Jaketan

Isuk-isuk Wonokairun pethukan ambek Brudin budhal kerjo.

"Wuik gaya rek . .saiki areke jaketan rek." jare Wonokairun.

"Iyo mbah, saiki aku kerjo nang nggon adem" jare Brudin.

"Ketrimo nang kantor endhi Din?" jare Wonokairun.

"Aku gak kerjo nang kantor mbah." jare Brudin.

"Nang endhi lho??" takok Wonokairun.

"Nang pabrik es batu . ."


Mbecak

Bosen ngemis, saiki Wonokairun mbecak. Be'e hasile luwih akeh pikire.

Pas mancal ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro Ono turis bule nyeluk.

"Come ...please . . ." jarene bule ambek ngawe becake Wonokairun.

"Kamplis... ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono lho . . ." jare Wonokairun.

"Pardon me..??" bulene bingung.

"Parmi ..?? Oalah Parmi tah ? Iyo weruh aku omahe." jare Wonokairun ambek ngguya ngguyu.

"What ??!!" bulene sik bingung.

"Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . ." jare Wonokairun ambek mantuk mantuk.

"Lets go !! . ." jarene bule mantuk-mantuk pisan.

"Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. Oke Mister !!" jare Wonokairun.

Mari bulene munggah, Wonokairun langsung nyengklak becake.

Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Wonokairun langsung bengok-bengok.

"Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn !!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!"