Sore-sore onok cewek Sales Promotion Girl (SPG) teko nawakno panci nang omahe Pak Dhe Wonokairun.
'Kulo nuwun,' jare cewek iku ambek nyepot sandal.
'Ooo.. monggo, monggo pinarak..,' jare Pak Dhe Wonokairun, rodok sopan. Maklum sing medayo arek wedok sing sik kinyis-kinyis.
'Nuwun sewu, Ibu wonten, Pak ?' takok cewek SPG iku mau, nggawe boso kromo.
'Waduh bojoku gak ndik omah, Ndhuk,' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Yen ngoten, kulo ngerantos mawon, Pak' jawabe cewek iku maneh, pantang menyerah.
'Lho yo monggo. Anggepen koyok omahe dhewe ae, Ndhuk !' jare Pak Dhe Wonokairun, karo ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.
Berhubung wektu iku jam 3 sore, Pak Dhe Wonokairun pamit nang tamune kate nang lapangan kidul pasar, wayahe nyalurno hobi andok dhoro. Tamune ditinggal dewean nang omah.
Pas jam setengah enem sore Pak Dhe Wonokairun mulih, tibake cewek SPG iku sik lungguh nang ruang tamu. Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni sing duwe omah teko, karo kudhu ngamuk ae.
'Ibu niku sakjane teng pundhi to Pak ?' takok cewek SPG iku, rodok nggrundel.
'Bojoku lungo nang kuburan, Ndhuk' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Jam pinten mangke wangsule ?' takok cewek iku maneh, sik tetep ndedes.
'Waduh gak weruh aku, Ndhuk. Wis onok limolas taun sajeke mati sampek saiki sik durung tau mulih," jawabe Pak Dhe Wonokairun cuek, karo nyamber anduk nang memehan ndang-ndang kate adus nang sumur.
Minggu, 07 Juni 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar