Jumat, 05 Juni 2009

Gajah Matek

Isuk-isuk Wong sak bonbin gupuh kuabeh krungu berita Ono gajah matek mergo
wis tuwek.

Masio kulite kisut keriput tapi bobote Ono lek 2 ton.

Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili.

"Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku ISO ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo.
Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik Ono gajah liyane sing lucu-lucu." jarene Brudin.

"He cak, aku iki dhudhu pawange gajah !!!! Ngawur ae !!!!" jarene Wonokairun.

"Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang. Sejatine sampeyan iki apane gajah?? Koncone opo dulure ??"
jarene Brudin.

"Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah..." Wonokairun nangis maneh.

"Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis." Jare Brudin.

Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh.

"Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok Wong sugih ae." Jare Wonokairun.

"Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane Wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan." Jare Brudin bangga.

"Gombal !!!, lek pancene kon iku turunane Wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong ??" jare Wonokairun.

"Soale aku keturunan sing ke wolu . . ."


Bangga

Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene
ngemis pisan.

"Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?" takok
Bunali.

"Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu." jare Wonokairun.

"Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. He Mbah, sampeyan gak
nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?" takok Bunali.

"Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang
Unbra, loro maneh nang IKIP. " jarene Wonokairun bangga.

"Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung Ono sing Lulus tah anak
sampeyan?" takok Bunali.

"Anakku gak Ono kuliah cak !" jare Wonokairun.

"Ooh dadi dosen tah??" takok Bunali.

"Salah peno cak." jare Wonokairun.

"Lha laopo lo ??" takok Bunali.

"Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar