Kamis, 03 September 2009

Sayang anak

Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem ditinggal njaluk melok.
Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gempil.

Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut.
Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole anake Muntiyadi.

Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.

Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute kari sithok.

"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek titip salam gawe mbokmu yo Le."

"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae.
Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Muntiyadi heran.

"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar