Selasa, 30 Juni 2009
Cegatan
Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi.
Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.
"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM . ." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah" jare Bunali.
"Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo !!!. Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang !! Gak isok !!!" Wonokairun nguamuk.
Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.
Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.
"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lali nggak nggowo STNK.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK . ." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran" jare Bunali.
"Gak isok !!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo !!! " Wonokairun nguamuk maneh.
Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang.
Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh.
Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.
"Ayo minggir !!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh. Iki lho dheloken, helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh. Hayo kate lapo kon !!! " jare Wonokairun suombong.
"Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh " jare Bunali.
"Gak mungkin !! Lali opone . .?" Wonokairun bingung,
"Laopo sampeyan mancal becak ? Lha bronpite endhi ?
Sumber: Humor Suroboyoan - jilid 4 (Mas Budhi Santoso)
Umur
Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, "Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok."
Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, "Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik"
Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene".
Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?".
"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga.
Wak Nyo genti takok,"Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"
"Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.
Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"
"Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk . .
." . . "" ????$#@@!!%$ . ." . ."
ISENG
Alasane Wonokairun iku wis tuwek, lek manggung bolak-balik lali lakone.
Mari muteri grup ludruk sak Suroboyo, akhire onok grup ludruk Cap Simbah Ndhodhok pimpinan cak Bunali sing gelem nompo Wonokairun.
Cumak ambek Bunali, Wonokairun diancam lek sampek lali maneh langsung dipecat.
Ambek Bunali, Wonokairun dike'i lakon dhadhi prejurit sing naksir selire Sakerah sing jenenge Romlah.
Wonokairun dikongkon latihan mbayangno Romlah ambek nyekel kembang mawar.
"Ngene lho carane. Mawar iki cekelen nganggo driji jempol ambek telunjuk, terus ambungen ambek merem.
Mari ngono ngomongo ngene, ooh cik wangine maware Romlah iki . ." jare Bunali ngajari Wonokairun.
Ambek Wonokairun latihane dibolan-baleni kiro-kiro sak wulan sampek ngelontok.
Sembarang kembang yo wis tau digawe latihan. Bunali puas pisan ambek latihane Wonokairun.
Pas katene pentas, Bunali wanti-wanti maneh ojok sampek lali ambek lakone lek gak gelem dipecat.
Lha pas wayahe tampil, tibake sing nonton wuakeh pol, Wonokairun malih grogi tapi atine diayem-ayemno. Mari gamelane muni, tak tung tak tung . . .gong !. Wonokairun metu nang panggung.
"Ooooh cik wangine Romlah iki . . .", begitu sadar lek kata-katane onok sing kurang, Wonokairun langsung pucet.
Gak sui moro-moro penontone ruame bengok-bengok, "Huuu .!!", "Saru !!", "Nggilani !!", "Kempro !!" ambek nyawatno sandal nang raine Wonokairun.
Wonokairun langsung mlayu ndhelik nang walike panggung. Tibake Bunali wis mengkerik ngamuk-ngamuk, "Kon iku pancene ngisin-ngisini. Kon tak pecat !".
Wonokairun njaluk sepuro, "Aku lak mek salah sak kata thok ae, mosok ngono ae dipecat".
"Kon tak pecat dhudhuk perkoro lali kata-katane thok !!" jare Bunali maneh.
"Lho opoko ?" Wonokairun heran.
"Kon lali gak nggowo kembange . ."
Jumat, 12 Juni 2009
Panjang Lebar versine Wonokairun
Dianggep dadi sesepuh, Wonokairun ditunjuk makili menehi sambutan acara neng kampunge.
Sambi nggerundel, dhewek-e munggah panggung.
Lha iki pidatone :
"Bapak2 Ibu2 sekalian, hari ini saya tidak akan berpidato panjang lebar.
Karena kalau terlalu panjang kasihan ibu2.
Sedangkan kalo terlalu lebar yang kasihan adalah bapak2."
Habis bicara begitu, Wonokairun langsung nyelonong turun panggung.
Sementara warga terbengong-bengong plola-plolo.....
Rabu, 10 Juni 2009
Balas Dendam
Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wong akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.
Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah.
Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.
Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh- misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.
"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.
Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi liyane iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."
Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo
kudhu mukok . . .
Sepuluh Ewu
"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." Takok dokter Bunali.
"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.
"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.
"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Bunali mulai purik.
"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan.
Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."
Yuyu
"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali.
"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun."Lho kok isok ?" jare Bunali.
"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun
"Lha sing kedua ?" takok Bunali "
Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.
"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.
"Lho opoko ?" takok Bunali.
"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."
Senin, 08 Juni 2009
Pikun
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung. "Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.� "Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.
"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . .."
Minimarket
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit pakane asu. Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali. "Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire. Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali. "Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji. "Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali. "Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun. Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak. Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".
Minggu, 07 Juni 2009
Podho Gak Pokrone
'Kulo nuwun,' jare cewek iku ambek nyepot sandal.
'Ooo.. monggo, monggo pinarak..,' jare Pak Dhe Wonokairun, rodok sopan. Maklum sing medayo arek wedok sing sik kinyis-kinyis.
'Nuwun sewu, Ibu wonten, Pak ?' takok cewek SPG iku mau, nggawe boso kromo.
'Waduh bojoku gak ndik omah, Ndhuk,' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Yen ngoten, kulo ngerantos mawon, Pak' jawabe cewek iku maneh, pantang menyerah.
'Lho yo monggo. Anggepen koyok omahe dhewe ae, Ndhuk !' jare Pak Dhe Wonokairun, karo ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.
Berhubung wektu iku jam 3 sore, Pak Dhe Wonokairun pamit nang tamune kate nang lapangan kidul pasar, wayahe nyalurno hobi andok dhoro. Tamune ditinggal dewean nang omah.
Pas jam setengah enem sore Pak Dhe Wonokairun mulih, tibake cewek SPG iku sik lungguh nang ruang tamu. Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni sing duwe omah teko, karo kudhu ngamuk ae.
'Ibu niku sakjane teng pundhi to Pak ?' takok cewek SPG iku, rodok nggrundel.
'Bojoku lungo nang kuburan, Ndhuk' jare Pak Dhe Wonokairun.
'Jam pinten mangke wangsule ?' takok cewek iku maneh, sik tetep ndedes.
'Waduh gak weruh aku, Ndhuk. Wis onok limolas taun sajeke mati sampek saiki sik durung tau mulih," jawabe Pak Dhe Wonokairun cuek, karo nyamber anduk nang memehan ndang-ndang kate adus nang sumur.
nYuci Kucing
"Mbah, ( Kakek-red ) kok tumben nyuci sendiri?" tanya Bunali.
"Aku mau mandiin Kucing" kata Wonokairun.
" Nggak salah Mbah", Bunali bingung.
"Iya, soalnya Kucingku banyak kutunya, kata Wono kairun.
"Wah iya bisa mati Kucingmu Mbah' Bunali mengingatkan.
"Temenku kemarin juga begitu ( mandiin Kucing ) juga nggak apa-apa" kata Wonokairun.
Selesai bayar, Wonokairun pulang untuk mandiin Kucingnya.
Besok harinya, Wonokairun datang lagi ke tokonya Bunali untuk beli rokok.
"Gimana Kucingmu Mbah?' tanya Bunali.
"Kucingku mati" kata Wonokairun.
"Tuh benerkan, Sampean ( kamu-red ) dibilangin nggak percaya sih. Orang kucing dimandiin pake rinso, kan ada obat kutu" kata Bunali memarahi.
"Kucingku mati bukan karena rinso" kata Wonokairun menjelaskan.
"Loh kenapa??" tanya Bunali nggak sabar.
"Aku peres....."
Tentang "mBah Wonokairun"
Penyiar yng memerankan tokoh Wonokairun, populernya bernama Victor berikut nama tokoh2 dlm seri banyolan versi radio Suzana
Wonokairun = figur orang tua sok tau, konyol n ngeyelan
Bunali = figur pemuda mbeling, banyak akal, modal cekak
Sablah = figur nenek cerewet, berwawasan luas, tak mau ketinggalan berita
Lumut = figur gadis kampung polos, ceplas-ceplos, sering ketipu
Bayangin aja spt kocaknya keluarga itu klo hubungannya spt ini:
Wonokairun punya bini Sablah ---> punya anak cewe semata wayang bernama Lumut yg menjadi gebetan Bunali
Jumat, 05 Juni 2009
Bengkerengan
"Laopo isuk-isuk kok wis mlaku ambek bedhes lungset kumus-kumus ?" jarene Brudin.
"Ooo pancene picek, sing tak tuntun iki jenenge wedhus dhudhuk bedhes !!"
jare Wonokairun.
"Lho aku gak takok peno!!. Aku pancene takok nang wedhuse." jare Brudin.
Ooo awas kon yo !! Pikire Wonoklairun nggondhok.
Mulih seko sawah, arek loro pethukan maneh.
Moro-moro Wonokairun ngentut mak dut !!. Brudin muring-muring.
"Damput, pancene dobol. Ngentut sembarangan" Brudin meh nggeblak gak kuat ambune.
"Saiki kon tak takoni, ngentut iku apik opo elek ?" jare Wonokairun.
"Yo mestine elek mbah.." jarene Brudin.
"Lha mulakno tak buak" jarene Wonokairun.
"Lek misale tak jawab ngentut iku apik, terus opoko ?" takok Brudin.
"Lha mulakno kon tak ke'i...."
Jaketan
Isuk-isuk Wonokairun pethukan ambek Brudin budhal kerjo.
"Wuik gaya rek . .saiki areke jaketan rek." jare Wonokairun.
"Iyo mbah, saiki aku kerjo nang nggon adem" jare Brudin.
"Ketrimo nang kantor endhi Din?" jare Wonokairun.
"Aku gak kerjo nang kantor mbah." jare Brudin.
"Nang endhi lho??" takok Wonokairun.
"Nang pabrik es batu . ."
Mbecak
Bosen ngemis, saiki Wonokairun mbecak. Be'e hasile luwih akeh pikire.
Pas mancal ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro Ono turis bule nyeluk.
"Come ...please . . ." jarene bule ambek ngawe becake Wonokairun.
"Kamplis... ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono lho . . ." jare Wonokairun.
"Pardon me..??" bulene bingung.
"Parmi ..?? Oalah Parmi tah ? Iyo weruh aku omahe." jare Wonokairun ambek ngguya ngguyu.
"What ??!!" bulene sik bingung.
"Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . ." jare Wonokairun ambek mantuk mantuk.
"Lets go !! . ." jarene bule mantuk-mantuk pisan.
"Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. Oke Mister !!" jare Wonokairun.
Mari bulene munggah, Wonokairun langsung nyengklak becake.
Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Wonokairun langsung bengok-bengok.
"Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn !!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!"
Gajah Matek
wis tuwek.
Masio kulite kisut keriput tapi bobote Ono lek 2 ton.
Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili.
"Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku ISO ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo.
Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik Ono gajah liyane sing lucu-lucu." jarene Brudin.
"He cak, aku iki dhudhu pawange gajah !!!! Ngawur ae !!!!" jarene Wonokairun.
"Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang. Sejatine sampeyan iki apane gajah?? Koncone opo dulure ??"
jarene Brudin.
"Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah..." Wonokairun nangis maneh.
"Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis." Jare Brudin.
Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh.
"Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok Wong sugih ae." Jare Wonokairun.
"Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane Wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan." Jare Brudin bangga.
"Gombal !!!, lek pancene kon iku turunane Wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong ??" jare Wonokairun.
"Soale aku keturunan sing ke wolu . . ."
Bangga
Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene
ngemis pisan.
"Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?" takok
Bunali.
"Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu." jare Wonokairun.
"Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. He Mbah, sampeyan gak
nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?" takok Bunali.
"Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang
Unbra, loro maneh nang IKIP. " jarene Wonokairun bangga.
"Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung Ono sing Lulus tah anak
sampeyan?" takok Bunali.
"Anakku gak Ono kuliah cak !" jare Wonokairun.
"Ooh dadi dosen tah??" takok Bunali.
"Salah peno cak." jare Wonokairun.
"Lha laopo lo ??" takok Bunali.
"Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh..."
Rabu, 03 Juni 2009
WONOKAIRUN "Semongko"
Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, bunali masang papan peringatan sing ono tulisane ngene,"Awas!!! ati-ati nek arep nyolong, salah siji semongkoku iki
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumuman ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumuman ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas!!! Saiki onok loro".
Tunggu kisah nganyelke selanjutnya...
WONOKAIRUN "Mancing"
iki salah sinije critane :
Mancing
Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Bunali gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."
soko humor suroboyan DQ
mBah Wonokairun
Wonokairun iku wonge masio tuwek tapi mbethik gak gelem kalah ambek Bunali.
iki crito pertama :
Mancing
Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan,
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah.
"Awakmu sing ke limo . . ."
>>humor suroboyoan DQ
Selasa, 02 Juni 2009
Pengantar
Blog ini berisi sekedar kumpulan guyonan kultur jawa timur/tengah dan sekitarnya termasuk madura.
Banyak kisah lucu maupun nganyelke yang diperoleh dari berbagai sumber. Ada yang sumbernya jelas maupun yang jelas jelas gak jelas. Yang ketahuan sumbernya akan disebutkan pastinya.
Kawan-kawan yang punya koleksi bisa "share" comment disini. Atau kirim e-mail yo...
Mudah mudahan bisa bikin "ngguyu sithik wae" sekalian nostalgia kisah kisah lucu jaman dulu (maupun masa kini).
Jangan diambil ati, gur guyonan...
Suwun nggih...