Minggu, 18 Juli 2010

Kejadian Misterius Neng Rumah Sakit!

Ono kejadian aneh neng Unit Perawatan Intensif (ICU) RS Dokter Sutomo, ono pasien sing mesti mati ono nduwur amben sing podo ono ing kamar kono kuwi. Dinone mesti podo yoiku dino Jum'at isuk. Gak peduli umure piro, lanang opo wedok, kondisi kesehatane utowo latar belakang kesehatane, kabeh mati.

Iki kabeh gawe bingung dokter, nganti ono sing ngusulno ngundang dukun ahli supra natural gawe menyelidiki perkoro iki. Ngono kejadiane kog mesti dino Jum'at neng amben sing podo.

Akhire poro dokter mutuske nyelidiki kasus iki opo toh sebabe.
Tibo dino Jum;at isuk, pas ono pasien sing turu ono amben iku. Kabeh kawatir kejadian iki bakal terulang. Keluarga pasien wis ngundang Kyai melu bantu doa.

Dokter Ahli internist, ahli saraf keluarga lan pak Kyai sing sengojo diundang wis nyekel tasbih, quran lan sak panunggale nggo ngusir iblis.

Pasien isih menggeh-menggeh neng amben. Wektu isih jam 07:00.. 07:30..pas sak durunge jam biasane pasien meninggal yoiku jam 07:35, ujuk-ujuk lawang kamar ICU mbuka....kabeh podho ndredeg, kemringet....

Bar kuwi ono sing mlebu, Tukiman.. part timer cleaning service dino Jumat...Dewek-e langsung nyabut kabel alat bantu pernafasan soko stop kontak langsung diganti kabel listrik Vacuum Cleaner. Langsung ngurupne alate kanti ngresik-i ruangan ICU iku....

1 komentar: