Selasa, 29 September 2009

Lawang Wesi

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP (Tunjungan Plasa) ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.
Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing ! . . .

”Bes, opo iku jenenge . . .” takok Togog anake Wak So pas ndhelok lawang wesi iku.
”Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene.” jare Wak So.
Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong.
Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So.
Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.

Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mendeg.
Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.
Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.

Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.

Mari mikir dhiluk....
Wak So mbengok nang anake : ”Le !. . Ndhang cepetan Makmu lebokno kono . .”

Apes

Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi.
Pas sampek Pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor.
Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung, tapi mergo pacare giras, akhire Gempil nyerah.
Wis mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh.
Gempil sampek gelagepen ampun-ampun gak kuat maneh.

Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.
Pas katene nyumet rokok, sekok kadhoan Gempil ndhelok onok wong
lagi ndongkrak ganti ban bocor.

Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe, Muntiyadi, wah ketepakan iki
pikire Gempil.

”He Mun !, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene” takok Gempil.
”Lho awakmu Pil, pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan gak oleh-oleh malah banku bocor pisan” jare Muntiyadi.

”Wah ketepakan lek ngono, aku wis oleh gendakan, ayu semlohe, cumak girase gak ketulungan, wis oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler aku.

Wis ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, montormu tak genti bane terus tak gowo mulih, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montorku iku, montorku gowoen pisan. ” jare Gempil.

”Wah tepak wis, sip !!! ” jare Muntiyadi sueneng pol.
Gempil yo lego isok mulih.

Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro.

”He !!! Lagi opo awakmu nang kono ? ”takok wong kampung mbentak Muntiyadi.
”Anu Pak . . aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah.
.” jare Muntiyadi gemeter.
”Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe ?” jare wong kampung maneh.

”Anu Pak, sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan nyentolopi raine . . .” jare Muntiyadi.

Bakso Spanyol

Bunali ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Bunali malih bingung.
Akhire Bunali takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Bunali ditawari bakso spanyol, Bunali setuju.

Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol yo enak pisan pikire.
Mari mangan, Bunali takok nang pelayane ”Daging opo iku mau, kok enak baksone?”
Pelayane ngomong lek iku ngono bijine sapi sing matek kalah tarung ambek matador.

Pertama Bunali kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak opo-opo.
Cumak Bunali kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.
Sisuke Bunali teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Bunali nyeblek kecoak terus disaki.
Pas panganane teko, tibake penthole saiki rodhok cilik.

Gak opo-opo wis, sing penting enak.
Mari mangan, Bunali ngetokno kecoak ambek bengok-bengok.
”Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok kecoake” jare Bunali.
Pelayane akhire ngalah, Bunali gak perlu mbayar.
Bunali sueneng akale berhasil.

Pas katene mulih, Bunali protes maneh nang pelayane opoko kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.
Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.

Jumat, 11 September 2009

Piro umurku ?

Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal,
cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.

Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.

”Ning, ayo bedhe’en piro umurku ?” takok Mat Penceng ambek mesammesem.
”Paling sik selawe . . .” jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
”Salah Ning, umurku sakjane wis 45” jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.
Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe’i maneh nang arekarek
iku piro umure.

Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun.
Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45
gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng.
Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe’i umure, tapi gak onok
sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald.
Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.

”Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe’en piro se umurku?” jare Mat Penceng.
”Kiro-kiro 27 mas” jare pelayane.
52

”Salah mbak, umurku 45” jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek neneknenek arep mlebu montor.

Mergo durung tau mbedhe’i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
”Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe’i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?” jare Mat Penceng.
”Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu.” jare simbah mau.
”Iyo tah, piro se umurku?” takok Mat Penceng penasaran.
”Wah tapi onok sarate” jare simbah mau.

”Opo sarate mbah ?”Mat Penceng tambah penasaran.
”Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran.
Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu.” jare simbah iku mau.
Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih.
Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate.

Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.

”Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng.

Ayo cepetan bedhe’en umurku piro selak satpame teko !!”jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,”Le,
aku weruh umurmu iku saiki 45”.

Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.

”Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?” takok Mat Penceng gak sabar.

”Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . .”

Rasa Stroberi tah . . .?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga.
Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, "Isine kembang yo....".

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok.
Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.

"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.

"Isinya anak anjing kok bu guru..."

Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.

"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Kamis, 03 September 2009

Sayang anak

Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem ditinggal njaluk melok.
Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gempil.

Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut.
Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole anake Muntiyadi.

Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.

Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute kari sithok.

"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek titip salam gawe mbokmu yo Le."

"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae.
Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Muntiyadi heran.

"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."

Pelabuhan

Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung metu seko pelabuhan.
Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro kiwo tengen.
Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek kampes.
Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki." jare Togog maneh.

Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso, akhire Togog diculno.
Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.
Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.
Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.
Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir.

Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan.
Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk ambek Togog maneh.
Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.
Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.
Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.

"Sepeda . . ."

Numpak Taksi 2

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk.

Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko dijawil ae kok kuaget.

Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."

Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan koyok ngene ?"

"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.

"Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi.

"Supir montor jenasah . ."