Senin, 06 Juli 2009

Permen karet

Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.
Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.
"He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok" jare Brudin.
"Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek." jare Wonokairun.
"Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku." jarene Brudin.
"He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!" jare Wonokairun.
"Arep laopo lho ...?" jare Brudin bingung.
"Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . "

Mbecak Maneh

Isuk-isuk Wonokairun wis mruput mancal becak golek penumpang. Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas, Wonokairun sueneng poll.
"Arep nang endhi Ning ?" jare Wonokairun.
"Nang slompretan mbah . ." jare ceweke.
"Waduh gak weruh aku nggone ning . ." jare Wonokairun.
"Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . ." jare ceweke.
"Oke boss . . " jare Wonokairun ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku.
"Kiri mbah . ." Wonokairun nurut menggok kiwo.
"Kanan mbah . ." Wonokairun nurut menggok kanan.
"Kanan maneh . ." Wonokairun nurut.
"Kiri ." "Kanan . ." "Kenceng ae mbah .." "Kanan maneh . .terus kiri "
Wonokairun nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku.

"Wis stop kene ae Mbah !!" moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu.
Wonokairun nuangis mbrebes mili.
"Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
"Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
"Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo." ceweke bingung.
"Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . ." jare Wonokairun.
"Lho opoko mbah ?" jare ceweke.
"Aku lali dalane mulih . . ."

Bon Bin

Wonokairun sir-siran nang Bon Bin, dhadhak pethukan maneh ambek Brudin dhodholan es gronjong.
"Coca cola loro Cak !" jare Wonokairun.
"Aku gak ndhuwe Coca Cola Mbah, modalku cilik, durung cukup gae kulak coca cola.
Es gronjong ae yo, tak jamin sueger Mbah" jare Brudin.
"Aku ngomong ambek wong sing ndhuwe rombong nang mburimu." jare Wonokairun.
Oooh uawas kon yo, Brudin nggondhok.
Mari muter-muter dhodholan es gronjong, Brudin pethukan maneh ambek Wonokairun lagi guyon ambek gendhakane.

"Oo !! Pancene gak nggenah !!! Wingi anake dhewe disikat, saiki bojone koncone arep disikat pisan. Wis tuwek petakilan " jare Brudin.

"He !! Kon lek ngomong ojok sembarangan lho yo !!!
Tak suantap lambemu !!!
Sing wingi nyikat anake dhewe iku lho sopo !!!.
Iki yo dhudhuk bojone koncoku, arek iki wis rondo, sak umur-umur gak tau ndelok bon bin, mulakno tak jak nglencer !!
" Wonokairun mencak-mencak gak trimo.
Begitu krungu wong loro iku gegeren, arek wedhok gendhakane Wonokairun langsung ngilang minggat.

"Aku ngomong ambek bedhes tuwek nang mburimu . ." jare Brudin.

Dhuwik Sewu

Wonokairun mbecak mulai isuk sampek awan gak oleh penumpang.
Dhuwike kari sewu tapi kerongkongane ketelak pol.
Moro-moro Brudin lewat nyurung rombong es gronjong.

"Din, dhuwikku mek sewu, iso gawe tuku es tah ?" jare Wonokairun.
"Iso mbah, tapi es batu thok gathik setrup." jare Brudin.
Medhite rek pikire Wonokairun, uawas kon yo..

Sisuke Wonokairun pethukan ambek Brudin mulih pasar mari kulakan.
"Mbah, dhuwikku kari sewu, iso gawe numpak becak tah ?" takok Brudin.
"Iso Din, tapi tak pancal thok gathik ngerem..."

nYabut Gigi

Wonokairun loro untu lungo nang dokter gigi konco lawase jenenge Bunali.
"Waduh mbah, untu sampeyan kudhu dicabut . ." jare Bunali.
"Yo wis jabuten ae ben ndang waras " jare Wonokairun.
Mari dijabut Bunali takok "Wis gak loro maneh mbah ?"
"Iyo wis enak saiki, piro ongkose dok ?" Wonokairun takok.
"Wis gak usah mbayar mbah, gratis ae " jare Bunali.
"Waduh suwun suwun, . . tak dungakno sampeyan mlebu suargo" jare Wonokairun.
Pas nang omah Wonokairun ngoco, langsung nggeblak semaput.
Tibake sing dijabut iku untu emase.

Stasiun

Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.
"Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?" takok Wonokairun.
"Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . ." jare Brudin.
"Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Wonokairun.
"Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . ." jare Brudin.
"Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?" takok Wonokairun.
"Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale.
Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !!
Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? " Brudin bingung.
"Arep nyabrang . ."

Rabu, 01 Juli 2009

Kebon Semongko

Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sak jane Bunali weruh lek sing ndhodhok Nang kebone ben isuk iku Wonokairun,
Cuma gak wani nyeneni.
Akhire Bunali masang pengumuman sing tulisane ngene :
"Ini kebunku, bukan WC mu!! "

nDhadhak tulisane onok sing ngganti ngene :
"Ini pupukku, untuk kebun mu!!!!!! "

Asmuni

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?"takok arek mau.
"Dhudhuk! Ngawur ae!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Wonokairun & Wedus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
“Yo lumayan ” jare si Mbah
“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng,jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wedhusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”

Sablah

Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu
Malam (Red : di Gang Sono atau Watu Adem). Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen. Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang.
Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." Jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah." Wonokairun mekso.

Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uaayu tenan..

"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine Limang juta.
Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah" Wonokairun mekso maneh.
Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Wonokairun.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine Limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane. "Aku kudhu pethuk ambek Sablah," jare Wonokairun. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Wonokairun cuek ae.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta. Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.

Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.
"Aku seko Sepanjang" jare Wonokairun.
"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Sablah kaget.
"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur.
Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ." ohhhh "Jangkrik kon..." Jare Sablah