Senin, 09 April 2012

Wonokairun


Lek sampeyan tau ngrungokno acara Trio Buluru Radio Susanna, mungkin kenal ambek Wonokairun. Wonokairun iku wonge masio tuwek tapi mbethik gak gelem kalah ambek Bunali.

iki salah sinije critane (liyane ono neng ngisor) :

Mancing

Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Bunali gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."

>> humor suroboyan DQ

Gemi

Wong Meduro iku gemi banget.
Iki contone.

Cak Mad kroso ngelak banget bar mlaku-mlaku neng Tunjungan,
mlebu nang Depot.
Sing pertama diwoco tulisan Daftar Menu karo regane....

Teh Panas Rp 1.000
Teh Dingin Rp 2.000
....

Cak Mad langsung pesen, "Mas Teh Panas siji yoo...."
Pelayan nggawe Teh Panas langsung digowo nang mejone Cak Mad.

Teh Panas kebul-kebul langsung diombe karo Cak Mad...

Pelayan kaget....langsung negur...
"Eh Cak iku Teh Panas kog kesusu sampean ombe?"...Lambe sampean iso mlepuh..."

Gak popo Mas, nek nunggu adem mengko regane dari 2000....!
Duitku gur 1000......@#$#$@%&*

Beda Bahasa

Ono wong Sundo pas mlaku-mlaku nang alun-alun kebelet pipis,
mampir dhisik nang WC UMUM.

Pas ketepaan full kabeh.

Mari ngono, ono pintu sing mbuka.

Dasare wong Sundo ramah, takok “Atos, mas ?”,

Lha kok bejone, sing metu wong jowo..

dijawab ambek mangkel thithik,
“Atos gundulmu..mencret kok..!!”

http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/

Razia Pedagang Kali Lima

Esuk iku enek patroli polisi pamong praja nek stasiun.
Sing paling cedak enek tukang duku.
Terus ujare polisi marang tukang duku
Polisi : Sampeyan ngerti ra, yen papan iki ora etuk nggo dodolan.
Tukang Duku : Nggih pak, nyuwun pangapunten aku gar reti.
Polisi : “Yen ngono kanggo ukumane lebokno daganganmu neng bokongmu
nganti entek…!!!! cepeeeeeet!! !!”
Tukang duku : “Nggih pak” (karo sajah sedih lan brebes mili) teru
dewekke nglebokke siji mboko siji nang bolongan pantate nganti entek.
Ora let sawetoro suwe dewekke ngguyu kepingkel-pingkel sampek
mbrebes mili lan kepuyuh-puyuh. …..
Polisi : “Awakmu ngece yo, opo pingin bakulmu tak kon nglebokke sisan??!!”
Tukang Duku : “Ora pak, aku gak ngece babar blas, sinambi terus ngguyu
ngakak…”
Polisi : “Terus enek opo kowe terus ngguyu kepingkel-pingklel? ?!!”
Tukang Duku : “Iku lho pak, nek sebelah kono enek tukang duren karo
tukang klopo…”

http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/