Rabu, 26 Agustus 2009

Ketinggalan Sepur

Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare sutaji maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur"
jare Pak Kaji.

Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
"Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek" jare sutaji
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal.

Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget.
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur.
Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.

Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek gendeng.

Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking sedihe
terus dilampiasno ngguyu.
"hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo' o? jare satpame

Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...

Kepiting

Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.

Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae" jare Sablah ngalem.

Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam
Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek.

Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh.
Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "

Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae.
Mulakno kok sui. . ."

Mercon

Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok,
mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep
rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung
kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"

"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek
sing lanang " jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.

"Opoko lho . .?" takok Kentir.

"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."

Selasa, 25 Agustus 2009

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit.

Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.

Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.

"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."

Wedhi karo bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah.
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.
Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.
Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.
Barisan sing pertama akeh pol…
Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi :

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.

ASI

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"

"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.

"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."

Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".

"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.

"Aku iki ewange . ."

Asmuni

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.
"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Drakula

Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir
Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.

Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".

"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.

Mari ngono arek loro iku miber bareng.
Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.

"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.

"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.

"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.

"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.

"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.

Budhi Santoso

Rabu, 05 Agustus 2009

Njegur

Onok juragan tambak jenenge Sablah, ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Motor " jare Sablah.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur Nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk Iwak, tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane.

Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegor mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sablah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.

Penontone keplok-keplok kuabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi duit limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.

"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo mrene" jare Muntiyadi.

Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.
Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.
Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi,
cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan.
Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.
Saiki tebusen resep iki yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."

Senin, 03 Agustus 2009

Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik
omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro
salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus
ndhik karpet.

Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum
cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke
sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."

Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing.
Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.
"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas...
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone....
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...
"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.
"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',
takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.
"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur "

posted by irpus

Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare Joko.
"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah ?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.
"Yok opo kon War..?" jare Joko
"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.
"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Joko.
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.
"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.
"Dhurung.." jare Uwar.
"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. ." jare Joko.
"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."

posted by irpus