Rabu, 01 Oktober 2014
NUMPAK BECAK :
Ceritane mbah putri bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak, nyang2an karo tukang becak'e....
-SI MBAH: "Pak, 5.000,- purun nggih....?"
-TUKANG BECAK : "Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah".
-SI MBAH : "Emoh ah, 5.000 wae to....!!! Mengko ta duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo...."
-TUKANG BECAK : "Mboten saget mbah....Nek 10.000 nggih kulo purun...." Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak,
-SI MBAH ngedumel : "Nggih pun, tak bayar 10.000....!!!"
Pas neng dalan..
-TUKANG BECAK : "Mandap pundhi mbah....?????"
-SI MBAH : (Meneng wae....)
-TUKANG BECAK : "Lha niki mandap pundi mbah....???"
-SI MBAH : "Kan wes tak omongi dek mau....Nek 5.000 mengko ta duduhi dalane....Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEKONO DEWE....!!!"
Summber : copas dumay
Jumat, 28 Maret 2014
Orang Banyumas Pesen KFC...
Telpon Pertama
Tuyem : "Halloo... Kaepsi?"
KFC :"Iya, ada yg bisa di bantu?"
Tuyem : "Ayame ana apa ora?"
KFC : "Oh ada..."
Tuyem : "Jajal gawa ngeneh, di adu karo ayame inyong!"
KFC. : "X_X"
Telpon Kedua
Tuyem : "Hallooo...kaepsi?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "Delivery order?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "24jam?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "Oooh hebat ya, kowe ora tau turu!"
KFC : ?:s??
Telpon Ketiga
Tuyem : "Hallooo...kaepsi?"
KFC : "Iya..."
Tuyem : "Ayam ana?"
KFC : "Ada"
Tuyem : "Sega?"
KFC : "Ada"
Tuyem : "Es krim?"
KFC : "Ada"
Tuyem : "Burger?"
KFC : "Ada! banyak! komplit!!" (bakule nesu)
Tuyem : "Esih ana kabeh? Ora payu apa!! =))
KFC : "X_X"
Telpon Keempat
Tuyem : "Hallooo.. Kaepsi?"
KFC : "Kowe maning! arep ngledek maning apa!"
Tuyem : "Woi inyong arep pesen! Yawis, inyong ora sida pesen lah!"
KFC : "Oh iya! Mau pesen apa?"
Tuyem : "Soto Sokaraja baen
seporsi !!!"
KFC : "Guoblok temen kowe...!!"
Telpon Kelima
Tuyem : "Hallooo..kaepsi??"
KFC. : "Mesti kowe maning, arep ngapa kowe?"
Tuyem : "Arep pesen ayam!"
KFC. : "Oh iya! Apa lagi?"
Tuyem : "Ayam karo sega!, tapi mbungkuse dipisah baen yak!
Mengko nek di dadekna siji, segane entong dithotholi ayame."
KFC. : "Wooooi wong edan!>:O"
Sumber : gak jelas
Senin, 09 April 2012
Wonokairun
Lek sampeyan tau ngrungokno acara Trio Buluru Radio Susanna, mungkin kenal ambek Wonokairun. Wonokairun iku wonge masio tuwek tapi mbethik gak gelem kalah ambek Bunali.
Mancing
Gemi
Iki contone.
Cak Mad kroso ngelak banget bar mlaku-mlaku neng Tunjungan,
mlebu nang Depot.
Sing pertama diwoco tulisan Daftar Menu karo regane....
Teh Panas Rp 1.000
Teh Dingin Rp 2.000
....
Cak Mad langsung pesen, "Mas Teh Panas siji yoo...."
Pelayan nggawe Teh Panas langsung digowo nang mejone Cak Mad.
Teh Panas kebul-kebul langsung diombe karo Cak Mad...
Pelayan kaget....langsung negur...
"Eh Cak iku Teh Panas kog kesusu sampean ombe?"...Lambe sampean iso mlepuh..."
Gak popo Mas, nek nunggu adem mengko regane dari 2000....!
Duitku gur 1000......@#$#$@%&*
Beda Bahasa
Ono wong Sundo pas mlaku-mlaku nang alun-alun kebelet pipis,
mampir dhisik nang WC UMUM.
Pas ketepaan full kabeh.
Mari ngono, ono pintu sing mbuka.
Dasare wong Sundo ramah, takok “Atos, mas ?”,
Lha kok bejone, sing metu wong jowo..
dijawab ambek mangkel thithik,
“Atos gundulmu..mencret kok..!!”
http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/
Razia Pedagang Kali Lima
Esuk iku enek patroli polisi pamong praja nek stasiun.
Sing paling cedak enek tukang duku.
Terus ujare polisi marang tukang duku
Polisi : Sampeyan ngerti ra, yen papan iki ora etuk nggo dodolan.
Tukang Duku : Nggih pak, nyuwun pangapunten aku gar reti.
Polisi : “Yen ngono kanggo ukumane lebokno daganganmu neng bokongmu
nganti entek…!!!! cepeeeeeet!! !!”
Tukang duku : “Nggih pak” (karo sajah sedih lan brebes mili) teru
dewekke nglebokke siji mboko siji nang bolongan pantate nganti entek.
Ora let sawetoro suwe dewekke ngguyu kepingkel-pingkel sampek
mbrebes mili lan kepuyuh-puyuh. …..
Polisi : “Awakmu ngece yo, opo pingin bakulmu tak kon nglebokke sisan??!!”
Tukang Duku : “Ora pak, aku gak ngece babar blas, sinambi terus ngguyu
ngakak…”
Polisi : “Terus enek opo kowe terus ngguyu kepingkel-pingklel? ?!!”
Tukang Duku : “Iku lho pak, nek sebelah kono enek tukang duren karo
tukang klopo…”
http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/
Jumat, 22 April 2011
Salah celup
Dhono (jeneng samaran) iku nom noman sing dhelok meneh arep kawin ambek gadis sadesone neng daerah Kretek, mBantul …..
nom noman sing isih mambu kencur dalam hal “The Art of Sex” lan “How to Satisfy Your Wild Desire”, pengin sinau lan njaluk nasehat marang wong-wong sing wis pengalaman.
Sajak koyo Joko Tingkir, lungo menyang Imogiri, numpak getek nyusuri kali Opak nang omahe Pak-Dhe-ne … Lurah Imogori.
Yo ngerti dewe, kalau Lurah mesti pengalaman lan nduweni jam terbang sing mestine luwih dhuwur ….
Tanpo basa-basi crito nganti rampung , yo ngene iki nasehate Pak-Dhe-ne.
“Wis to le … mumpung waktune isih 2 wulan meneh, ono apik-e “barang”mu kamu gedein dhisik … Carane di celup nganggo teh “Wayu” …
(teh wayu yoiku teh sing wis suwe kiro-kiro sewengi neng njerone teko/poci lan kasiate nggo nggedhekne "opo wae" sing di celup sak njerone teh wayu kuwi.
Nggih sendiko Pak-De …, jawabe Bardhono.
Bener …. kiro-kiro 2 sasi menjelang acara perkawinan, Bardhono rajin nyelup barange sak jerone teh “Wayu” …
Mbasan tibo titi wancine …. pas malam pertama …..Ndeso Kretek geger … Mantene wedog bengok-2 karo nangis …. padahal wis jam 2.00 bengi …
Pak De ne sing melu nginep, melu kaget karo mesem-2 …wah anjuranku pasti siiip iki …
Tibak-e...... Critane manten wedok komplain … barange mas Bardhono keciliken jarene …sak bithing tok … karo mbrebes mili …
Pak De kaget luaaaar biasa … lho kok bisa walik-ane …
Bertanggung jawab … advise kok bisa dadi cikal bakal keributan …
Usut punya usut … kesalahan dudu soko advis Pak De, tapi Bardhono sing keliru nyelup nganggo… Slimming Tea nggone mBakyune, Cap Mustika Ratu.
CeritaLucu.org
ndelok SIFAT wong soko CARAne ngentut
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
o Wong GOBLOG
Wong sing ngempet ngentut sampai jam-2-an.
o Wong sing JEMBAR WAWASAN'E
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
o Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
o Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
o Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.
o Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune mesti wangi.
o Wong sing KEJEM (SADIS)
Wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone.
o Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut terus ke'isinan dhewe.
o Wong sing STRATEGIS
Wong sing nek ngentut ning ngarep'e wong lio iso nylamurke entut'e nganti wong lio ora kepikiran maneh.
o Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-njero dienggo ngganti entute sing metu.
o Wong sing GEMI
Wong sing nek ngentut metune diatur sethithik-sethithik.
o Wong sing SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
o Wong sing RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
o Wong sing ORA RAMAH
Wong sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-ngamuk.
o Wong sing KE-KANAK-KANAK-AN
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-blekuthuk.
o Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.
o Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek awak'e bar ngentut.
o Wong PINTER
Wong sing iso niteni ambune entut wong lione.
o Wong SIAL
Wong sing dientuti terus karo wong lio.
o Wong sing KURANG KONTROL DIRI
Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
o Wong sing ORA IKHLAS
Nggak mambu entute dewe wong liya sing mambu muring-muring.
o Wong sing GEMI
Wong sing menowo ngentut metune swara entut di-endat-endat dadi ping 7.
o Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut metune dibrolno sak ampase.
o Wong RA NGGENAH
Angger ngentut silite ditempeli terompet ben samsaya banter swarane.
o Wong RA UMUM
Yen ngentut dilagokake.
o Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Yen ngentut di-penggak-penggak kareben swarane kadya unining bedil.
o Wong RA SABARAN
Wis ngueden methuthut ra muni entute malah bole sing metu.
o Wong SOLO / YOGYA (mohon maaf untuk yang sering ke Solo !)
Entute aluun banget dawa lan sajak ndandang gulo.
o Wong RADUWE GAWEAN
Ndiskusekake soal entut (kayata sing maca).
Tambahan:
Wong GENDHENG: Wong sing ngamati ciri-ciri-ne wong liya saka carane ngentut!
Nolak Lamaran Bahasa Jawa
- Hukum Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
- Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
- tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
- Lho kok ngaten pak?
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae......
· Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng.....
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo....
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup..
+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak....
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo...... .
- Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
+ Kowe seneng guyon opo ora?
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo......
- Waa... Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok......
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
- Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok...
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo..
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
+ Kowe biso main internet?
- mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???
+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!
Minggu, 18 Juli 2010
Kejadian Misterius Neng Rumah Sakit!
Iki kabeh gawe bingung dokter, nganti ono sing ngusulno ngundang dukun ahli supra natural gawe menyelidiki perkoro iki. Ngono kejadiane kog mesti dino Jum'at neng amben sing podo.
Akhire poro dokter mutuske nyelidiki kasus iki opo toh sebabe.
Tibo dino Jum;at isuk, pas ono pasien sing turu ono amben iku. Kabeh kawatir kejadian iki bakal terulang. Keluarga pasien wis ngundang Kyai melu bantu doa.
Dokter Ahli internist, ahli saraf keluarga lan pak Kyai sing sengojo diundang wis nyekel tasbih, quran lan sak panunggale nggo ngusir iblis.
Pasien isih menggeh-menggeh neng amben. Wektu isih jam 07:00.. 07:30..pas sak durunge jam biasane pasien meninggal yoiku jam 07:35, ujuk-ujuk lawang kamar ICU mbuka....kabeh podho ndredeg, kemringet....
Bar kuwi ono sing mlebu, Tukiman.. part timer cleaning service dino Jumat...Dewek-e langsung nyabut kabel alat bantu pernafasan soko stop kontak langsung diganti kabel listrik Vacuum Cleaner. Langsung ngurupne alate kanti ngresik-i ruangan ICU iku....